Jumat, 03 Mei 2013

MATERI BAHASA JAWA KELAS 5 SD SEMESTER 1

 MATERI BAHASA JAWA KELAS 5 SD SEMESTER I




1. CERITA
 
Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham
Indikator                  :
  1. 1.        Mangsuli pitakonan wacan
  2. 2.        Nyimpulaken surasa wacan
  3. 3.        Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :
Antasena Takon Bapak




             Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.
‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.
‘’Sakpunika  Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.
‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu enggal mrana.’’
Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.
       Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.
       Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.

Katrangan tembung:
Mikul            : nyekel (menangkap)             Sungapan      : muara
Tumbal          : kurban                                  Ngrabasa       : nyerang
Keplepeg       : ora bisa ambekan
Ngangseg       : ndheseg,nggesuk (mendesak)

2. NYEMAK

Kompetensi Dasar: mirengaken pesen langsung utawi ngagem telepon
Indikator               :
  1. Nyatet isi pokok pesenipun
  2. Ngaturaken pesen ingkang dipuntampi kanthi langsung kaliyan mboten langsung ngagem basanipun piyambak
Tuladha :
Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!
Pak Rudi       : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi                  : ’’Sugeng enjang’’
Pak Rudi       : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi                  : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak rudi         : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’
Edi                  : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa
pak?’’
Pak Rudi       : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen
tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng
Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan
penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’
Edi                  : ’’Senen nggih pak?’’
Pak Rudi       : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun
Mas.’’
Edi                  : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

3. APRESIASI SASTRA 

Kompetensi dasar   : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,
naskah drama, lan geguritan
Indikator                     :
  1. Nyariosaken watak tokoh
  2. Nindakaken tokoh
  3. Nyariosaken malih surasaning wacan
  4. Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan
Tuladha :





Arjuna wiwaha

           Prabu Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu nglamar Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa kalah. Gapura kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca kandheg ing sakjabaning gapura kahyangan.
            Amarga ora bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju marang Raden Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan widadari 7 cacahe supaya nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari mau banjur bali menyang kahyangan saperlu atur pelaporan.
             Bathara Guru banjur  tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila diweruhi Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi celeng lan gawe kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau ndadekake pasulayan antarane Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen celeng mau sing mateni nganggo panahe. Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur nyembah. Ing kono Bathara guru paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan Arjuna kaparingan panah Pasopati.
            Budhale Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang kahyangan lan kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.
Nyekar Jawi
  1. Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula, asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.
Tuladha :
POCUNG

6          6          5          3          i           i           i           2          6          6
Ba-      pak      pu       cung   la-        ir-         e          ti-         ni-       tah
5          3                      i           2          6          3          2          1
bi-        su                    la         mun    ri-         na       ket-      an
1          2          1          3          .           2          1          2          1          6
Pi-       nar-     su-      di                     den     te-            men-           i
6          1          2          3          2          2          1          6          3          5
Mung  sa-       ra-       na       pi-        nan-    dang   wruh   ba-      sa-
2          3
Ni-       ra
  1. Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan sapanunggalane saged dipunpilih.
Tuladha :
TEKATE
Tekate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk onde-onde
Mbok sir bombo
Mbok sir kate
Mbok si…r bombo…
Mbok si…r ka….te…

0 komentar:

Posting Komentar

 
Kristiyanti Blogger Template by Ipietoon Blogger Template